Rabu, 27 April 2016

Geguritan



BAPA, IBU, GURU, KANGGO MULYAKU
H. Riyanto, AS


Tansah dak eling paweling
Tak estok ake
Welinge bapa kang kebak tresna
Nganti aku ngerti tata karma
Ngerti suba sita

Ibu kang kebak welas asih
Marang aku gawe tentreming atiku
Jiwa ragane ditohake mung kanggo aku
Kabeh mau mung kanggo aku
Lelabuhane ibu ora biso tinuku

Guru ngebaki wadah kothongku
Buku ilmu kaprigelan kautaman
Ngebaki taman kaendahan
Kabeh piweling mau
Mung kanggo kamulyanku
Wulan purnama ing dina ngarepku




BRUNO PROVINSI KUNO
H. Riyanto, AS

Bruno provinsi kuna
Papan cilik
Ndelik
Nyimpen primpen
Mutiyara apik

Kambangan
Seksi bisu perjuangan
Walanda
Kang nyaplok Negoro

Dulwahid
Jasudin
Mbetengi wongso Negoro
Kanggo slameting bangsa
Bruno provinsi kuna 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar